Bacaan I: 2 Raja-raja 2:1-12
Mazmur Tanggapan: Mazmur 50:2-7
Bacaan II: 2 Korintus 4:3-6
Injil : Markus 9:2-9
Dinten punika pasamuwan suci Greja Kristen Jawi lumebet ing Minggu Epiphany VII. Lantaran waosan ing nginggil, sinagedna cahyaning kamulyaning Gusti madhangi manah kita, cecawis dhiri lumebet ing wekdal Pra-Paskah.
B
apak, ibu, para sedherek, umat kekasih Dalem Gusti.
Wonten satunggaling tiyang nembe lenggah, mendel. Ketingal legeg-legeg. Piyambakipun kemutan kaliyan lelampahanipun kawuri. Sinten, ta priyayi punika? Priyayi punika satunggaling prajurit ingkang gagah, birawa. Pawakanipun gagah prakosa, dedeg piadegipun gedhe dhuwur, dhasar trahing ngaluhur. Gagahing dhiri ingkang kados mekaten nuntun angen-angenipun kepingin nyandhing satunggaling putri raja. Kangge narik kawigatosanipun sang putri, piyambakipun ngabdekaken gesang dados prajurit ingkang kondhang sekti mandraguna. Ngantos ing satunggaling wekdal, nalikanipun wonten peprangan, satunggaling mriyem ngantem sukunipun, ingkang njalari piyambakipun dhawah, njrebabah ndepani lemah. Ing beteng Pamplona, satunggaling kitha ing Negri Spanyol. Wadya balanipun kasoran yuda, piyambakipun pasrah bongkokan. Begja, dene prajurit mengsah punika sae manahipun. Para dokter bedah jaman semanten dipun timbali supados kersaa ngupakara piyambakipun. Suku ingkang tatu kaantem mriyem punika dipun operasi kanthi peralatan sawontenipun, cundhuk kahananing jaman abad XV. Boten mangertos punapa amargi rikala nempuh perjalanan njalari tatunipun sansaya parah, punapa awit nalikaning nggathukaken ingkang boten sae, sambunganing suku punika mboten sampurna. Satunggaling benjolan mencongol ing sangandhaping dhengkul. Akibatipun, suku ingkang setunggal langkung pendek tinimbang setunggalipun. Piyambakipun sadhar, iba nguciwani penampilanipun. Raos sedhih nglindhih penggalihipun. Pepenginan nyandhing putri ingkang sulistya kedah pupus ing angen-angen. Ing satengahing kawontenan ingkang mboten mranani ati, piyambakipun mendhet buku Riwayat Dalem Sang Kristus. Wiwitanipun mboten remen. Ngengeti ingkang dipun remeni buku-buku ingkang ngemot cariyosipun para satriya ingkang nengsemaken manah. Ewa semanten gandheng namung namung buku punika ingkang cumawis, piyambakipun meksa maos buku punika. Danguning dangu, riwayat Dalem Sang Kristus malah nengsemaken manahipun. Kasangsaran Dalem, seda Dalem ngantos wungu Dalem Sang Kristus saestu milut ati. Satunggaling dinten, ing guwa celak Manresa – salah satunggaling kitha ing Spanyol – piyambakipun lenggah legeg-legeg. Nem-neman punika ngalami pergulatan batos ingkang lebet. Piyambakipun ketaman raos bingung, ing gesang karohanenipun. Lelampahan ingkang sampun kawuri jumedhul malih ing angen-angenipun. Manahipun kados karujit-rujit, perih karaosaken. Ewa semanten, piyambakipun tetep ngganther sembahyanganipun kinanthenan puwasa, matiraga ngantos ngakeni dosa. Wusananipun, piyambakipun nampi sumuraning cahya Dalem ingkang madhangi manahipun. Manahipun dados makantar-kantar. Tekading manah sumedya ngabdekaken gesang kagem Sang Kristus. Piyambakipun unggul ing pergulatan batos. Cahya Dalem sumunar madhangi manahipun.
Para sedherek, umat kekasih Dalem Gusti. Punika cariyosipun Ignasius saking Loyola, bapa pendhirinipun Serikat Yesus. Salah satunggaling ordo (tarekat religius) ing Greja Katholik. Serikat Yesus punika kathah makarya ing donyaning pendidikan. Wontenipun ATMI (Akademi Teknik Mesin Industri) ing Solo lan Cikarang mboten saged nglirwakaken Ignasius. Ngengeti, ingkang ngedegaken punika Romo Almering, satunggaling romo yesuit. ATMI ketingal sampun nyumunarakaen cahya Dalem kangge bangsa punika ing babagan teknik mesin tuwin donyaning industri. Kejawi punika, wontenipun Kamus Jawa Kuna, anggitanipun Romo P.J. Zoetmulder ugi boten saged pinisahaken kaliyan Latihan Rohani Ignasian ingkang nuntun romo yesuit punika nggadhahi ketekunan mangulir budi ingkang elok. Kamus Jawa Kuna mboten saged lair tanpa keuletan, ketelatenan tuwin katemenanipun Romo Zoetmulder, S.J. nalikanipun milah tuwin milih tembung-tembung Jawa kuna ingkang rumit tuwin angel punika. Lantaran kamusipun, Romo Zoetmulder sampun paring cecala dhateng para sutresna kabudayan Jawi. Kamangka, piyambakipun punika tiyang Walandi, ewa semanten tuhu nresnani budaya Jawi.
Sapunika, kangge kita pasamuwan Greja Kristen Jawi, punapa wonten krenteging ati murih saged nyumunaraken cahya Dalem Sang Kristus? Kados dene Ignasius kanthi Serikat Yesusipun, kados dene Romo Almering kanthi ATMI-nipun tuwin Romo Zoetmulder kanthi kamusipun? Menawi nggadhahi krenteg ingkang makantar, kadospundi kita maujudaken ing gesang kita?
Wontenipun Serikat Yesus kanthi sedaya karyanipun lair saking pengalaman karohanenipun Ignasisus ingkang tuhu lebet. Wonten pasrahing dhirinipun Ignasius ingkang kaaturaken minangka pisungsung ingkang mirunggan konjuk ing ngarseng Gusti. Wonten tinarbukaning manah tumrap sih rahmat Dalem ingkang madhangi ati. Pengalaman sih rahmat punika ingkang dados warisan karohanen ingkang dipun uri-uri dening para yesuit ngantos sapunika. Kita pantes muji sokur bilih ing tahuning peladosan 2009 punika, pasamuwan GKJ menggalihaken nering peladosan "Pulihipun kasampurnaning titah Dalem ing Sih Rahmat Dalem"
Sih Rahmat Dalem minangka tembung kunci ingkang ngatag tandhang grayanging gesang masamuwan tumraping GKJ ing pundia papan ngayahi peladosan. Tinarbukaning menggah sih rahmat Dalem punika dipun ujubaken ing pandonga "Dhuh Allah, wonten ing Sih Rahmat Dalem, nyuwun supados jagad punika kaanyaraken." Ing sembahyangan punika umat Dalem GKJ lan sedaya bebadanipun cumadhang ing manah kaanyaraken dening cahyaning sih rahmat Dalem. Kados pundi gesang ingkang kaanyaraken ing sih rahmat Dalem? Sumangga nawangsihing Allah lantaran waosan suci ari puniki.
Lantaran seratipun ingkang katujokaken dhumateng Pasamuwan Korinta, Rasul Paul nglairaken paseksi: "Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumunar!"
Pengalamanipun Ignasius ing Manresa, saged mitulungi kita mangertosi endahing paseksi punika. Nalikaning ngraosaken bingunging manah, Ignasius tetep tekun ing sembahyangan. Pepeteng mboten saged nguwaosi tiyang ingkang masrahaken gesang kanthi wetah dhumateng Pangreksa Dalem. Ketekunanipun ing sembahyangan nelakaken tinarbukaning manah mring sih rahmating Allah. Ignasius sadar, tanpa sih rahmat Dalem piyambakipun mboten wonten artosipun. Lelampahanipun Rasul Paul semantena ugi. Paulus nampi sih rahmating pepadhanging batos sasampunipun nempuh margining pacoben tuwin kasangsaran, ingkang tansah dipun adhepi sarana sembahyangan dhatan kendhat (1 Tes 5:17). Liripun, cahyaning kamulyan Dalem tansah sumunar madhangi tiyang-tiyang ingkang tumemen ing sembahyangan ing tengahing ngadhepi rupa-rupining tantanganing gesang. Kangge tiyang-tiyang kados mekaten, cahya kamulyan Dalem Sang Kristus tetela sumunar padhang, nelahi jiwanipun. Punika ingkang dados paseksinpun Rasul Paulus:
"…iya Gusti Allah sing nyunaraké pepadhang mau ana ing sajroning ati kita, madhangi pikiran kita dadi ngerti bab kamulyané Allah, sing sumunar saka wedanané Sang Kristus.
Tumemen ing sembahyangan mujudaken pratandhaning tiyang ingkang gesangipun gumantung dhumateng Gusti Allah, mboten ngandelaken dayaning manungsa ingkang kebak cacat tuwin cewetipun. Ketekunan ing sembahyangan punika ingkang mbikak wiwaraning kamulyan Dalem Sang Kristus madhangi ati.
Lelampahanipun Nabi Elisa ingkang kita pireng minangka pawartos sih rahmat, ngetingalaken iba temenipun Elisa nggayuh impenipun (2 Para Raja 2:1-12). Piyambakipun mboten purun dipun tilar Nabi Elia. Tumuju Betel piyambakipun ndherek, dhateng Yerikho tetep tut wingking. Dhateng Bengawan Yarden mboten purun kantun. Elisa nggadhahi keyakinan ingkang lebet bilih kanthi tut wingking Nabi Elia, piyambakipun badhe nampi sih rahmat Dalem. Roh werni kalih ingkang dipun suwun dening Elisa tundhonipun katampi dening Elisa. Rohing minangka nabi tuwin rohing kaimaman. Dayaning roh kenabian ketingal nalikanipun Elia miyak toyaning bengawan Yarden kanthi nyabetaken jubahipun kados ingkang nate katindakaken dening nabi Musa. Dene rohing kaimaman ketingal ing panguwaosipun njebati kados dene imam Harun.
Ngraos-raosaken prekawis punika, raos pangraos kita katuntun dening paseksinipun Rasul Paul ingkang katujokaken dhateng Pasamuwan Rum:
Sapunika, kados pundi ngladhi ketekunan ingkang nuwuhaken tatag tanggon kados dipun alami Rasul Paulus dalasan Ignasius?
Bapak, ibu, para sedherek, umat kekasih Dalem. Benjang dinten Rebo, 25 Pebruari 2009 kita lumebet ing kalamangsaning prapaskah ingkang dipun tengeri wontenipun ibadah Rebo Awu. Mangsa prapaskah mujudaken wekdal mirunggan ingkang kacawisaken dening Pasamuwan Suci supados umat ngladhi ulah kridaning kasukman, tekun ngunjukaken sembahyangan kinanthenan pamratobat. Wujuding pamratobat saged kaujudaken kanthi pantang punapa dene puwasa sinartan aksi sosial ingkang nelakaken bela raos kita dhateng sesami ingkang nandang kacingkrangan.
Waosan Injil Markus 9:2-9 ingkang dados pitedah gesang anyar, nuntun kita lumebet ing kalamangsaning prapaskah. Injil nyariosaken Sang Kristus ingkang dipun luhuraken ing pucaking redi. Cariyos punika paring peneguhan dhateng para murid supados piyambakipun boten gigrig nalikanipun Putraning Manungsa kaulungaken dhateng jagad ingkang kejem, seda sinalib. Cariyos punika ngandhut prasetyaning Gusti, bilih soksintena ingkang tekun ing kawontenan angel, badhe nampi kamulyan. Kanthi mangertosi pawartos Injil punika, kita kaajak ngranggeh kesadaraning kapitadosan bilih ulah gladhen karohanen ingkang kita tindakaken kanthi ndedonga lan puwasa punika mboten badhe muspra.
Bok menawi, saben-saben kita mireng tembung puwasa, manah kita tansah jumedul pitakenan. Puapa tiyang Kristen punika perlu puwasa? Kamangka ingkang namanipun kawilujengan rak sampun dipun tanggel dening Gusti Yesus, to? Jujur perlu katur, kita pasamuwan GKJ pancen kirang preduli kaliyan puwasa. Sinaosa, ing kalanganing para pamengku kalenggahan gerejawi! Kitab Nabi Yesaya 58:3-7 asring kita angge dhasar kangge mbeneraken menawi kita mboten merlokaken puwasa. Gusti Allah mboten ngersakaken kita puwasa! Nanging, punapa leres bilih puwasa punika mboten wigatos? Punapa leres bilih Gusti Allah mboten ngersakaken wontenipun puwasa? Menawi Gusti mboten ngersakaken puwasa, kenging punapa kathah para nabi, para rasul, para suci, sami nindakaken puwasa, kepara Gusti Yesus piyambak kersa puwasa? Kamangka, para priyagung punika rak tiyang-tiyang ingkang gesangipun caket kaliyan Gusti? Adhedasar penggalihan punika, wontenipun pamanggih bilih puwasa punika mboten penting, Gusti mboten ngersakaken puwasa, pantes kita cubriyani. Langkung malih, menawi purun hanyipta weninging budi, mirengaken piwulangipun Nabi Yesaya, rak cetha bilih Nabi Yesaya kepengin suka panyaruwe menggahing puwasaning umat ingkang nalisir saking ancasing puwasa? Tegesipun, Yesaya kepengin mapanaken malih puwasa ing rel ingkang salugunipun. Puwasa mboten cekap namung kangge nggayuh kamursidaning pribadi ananging kedah tumuju dhateng praktik kamursidan secara sosial.
58:6 Pasa sing Dakkersakaké kuwi mengkéné: Nguculana ranténing panyia-nyia, mbuwanga momotan sing ora adil, luwarana wong sing ditindhes!
58:7 Wong luwé wènèhana panduman saka panganmu dhéwé, wong miskin lan wong glandhangan wènèhana pondhokan, wong kewudan wènèhana sandhangan, lan aja owel mitulungi sedulur-sedulurmu dhéwé. (Yesaya 58:6-7)
Dados terang trawaca kangge kita, bilih puwasa ingkang winulangaken Kitab Suci dede kangge sarana pikantuk kawilujengan langgeng. Puwasa mujudaken sarana olah gesang mursid. Dadosa ngudi mursiding gesang pribadi punapa dene ngarah mursiding gesang bebrayan ing tengahing masyarakat. Puwasa minangka sarana kangge gesang cecaketan kaliyan Gusti, kangge sarana olah gesang karohanen, masrahaken gesang ing Pangreksa Dalem. Langkung malih, puwasa boten namung dipun tegesi satata lair. Wonten puwasa ingkang sinebat puwasa batin. Puwasa batin punika nggadhahi pangangkah merangi watak awon ingkang kelet ing kapribaden kita. Serat Galati nyebataken minangka pepenginaning daging (Gal. 5:20-21). Tujuaning puwasa ingkang kados mekaten punika supados gesang kita sansaya dipun kuwaosi dening Hyang Roh Suci, temahan ngasilaken wohing gesang kasukman (Gal.5:22-23). Gesang ing sang Roh inggih punika gesang ingkang kapadhangan dening cahyaning pepadhang Dalem Sang Kristus wonten ing Sang Roh Suci.
Namung gesang wonten ing sang Roh, ingkang nyagedaken kita minangka pasamuwan GKJ kanthi sedaya bebadan peladosanipun, mancaraken sinar kamulyan Dalem Sang Kristus ing pundia kita kautus saha lelados. Kados pundi murih kita saged mancaraken cahyaning pepadhang Dalem? Pasamuwan Kristen Jawi nggadhahi klangenan ing kekidunganipun:
Gusti pepadhanging jagad
Gung lubering sih rahmat
Asih mring salir manungsa samya den wilujengna
Tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran
Gesang mursid yekti tansah
Mbangun turut mring Allah.
Kekidungan punika mugi ndayani anggenipun umat Dalem mancaraken cahyaning pepadhang Dalem, cundhuk kaliyan kersanipun. Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci, wiwit ing mula buka, sapunika, ngantos ing salami-laminipun. Amin.
No comments:
Post a Comment